Kamis, 20 Mei 2010

Wong Jowo tapi Kok Males Nggunakne Boso Jowo

Kapan kae aku tau temu wong ning bis, trus critane ki aku nguping omong omongan uwong sing lungguh jejerku (gak nguping jane, lha salahe ngomong banter eram yo aku krungu nu. hahaha). "mas mau kemana?" yo dijawab karo sampinge "mau ke madiun mbak?" ........ (maksudte titik titik iki kwi ngobrol ngalor ngidul ra karuan wis pokoke. Eh lhadala pas giliran takon daerah asal lha kok bocahe kwi asli suroboyo. Wis ngerti nek wong sing dijak omong iku wong asli madiun (kan podo podo jawane), lha kok tetep ae dijak ngomong bahasa Indonesia. Batinku Jiancuk wong iki lha wong pdo podo jawane ae kok yo boso Indonesia. Lha nek generasi mudane kyok ngene iso -iso boso jowo ilang soko perederan, alias musnah. Tp tak pikir2 opo keluargane iku ora tau marai basa jawa. MBuh lah males mikir, penakan turu ning kos opo maneh nek dikeloni mbek bojone. Hehehe. Wis wis ngono ae critaku, pesenku seh nek podo podo jawane sing dinggo ngobrol iku nyo mbok basa jawa, bahasa Indonesia dinggo omong2an karo suku liyane. OK pak, ngono tok ae. Matur sembah nuwun

1 komentar:

  1. mungkin ae sing srek suroboyo iku wedi nek di ajak kromoan, kang
    wakakakakakakaka xD

    lan mungkin ae ssrek suroboyo iku uduk wong jowo, suku liyo mungkin, kan suroboyo iku yo akeh suku liyo kang :D

    BalasHapus