Selasa, 29 Maret 2011

Atiku Sumpek

Jancok, atiku sumpek tenan. Ra ruh kate lapo mbuh ra ngerti. Kyoke seh goro-goro cewek. Mbuh iku karepe arek iku pye aku yo ra ngerti. Sak jane awakmu iku wenehi aku kesempatan pora to. Bocah kok muleg eram. Megelno megelno kwe ki. Njaluk diambung ncenan. Hahaha.

Waduh rek boso ku kasar to. Misuh misuh ra karuan. Ncen paling enak iku ngene iki tapi yo pye maneh isone cuman nulis. Msok arep bengok2 ning blog iki. Lak yo saru ta. Hahaha

Kamis, 20 Mei 2010

Wong Jowo tapi Kok Males Nggunakne Boso Jowo

Kapan kae aku tau temu wong ning bis, trus critane ki aku nguping omong omongan uwong sing lungguh jejerku (gak nguping jane, lha salahe ngomong banter eram yo aku krungu nu. hahaha). "mas mau kemana?" yo dijawab karo sampinge "mau ke madiun mbak?" ........ (maksudte titik titik iki kwi ngobrol ngalor ngidul ra karuan wis pokoke. Eh lhadala pas giliran takon daerah asal lha kok bocahe kwi asli suroboyo. Wis ngerti nek wong sing dijak omong iku wong asli madiun (kan podo podo jawane), lha kok tetep ae dijak ngomong bahasa Indonesia. Batinku Jiancuk wong iki lha wong pdo podo jawane ae kok yo boso Indonesia. Lha nek generasi mudane kyok ngene iso -iso boso jowo ilang soko perederan, alias musnah. Tp tak pikir2 opo keluargane iku ora tau marai basa jawa. MBuh lah males mikir, penakan turu ning kos opo maneh nek dikeloni mbek bojone. Hehehe. Wis wis ngono ae critaku, pesenku seh nek podo podo jawane sing dinggo ngobrol iku nyo mbok basa jawa, bahasa Indonesia dinggo omong2an karo suku liyane. OK pak, ngono tok ae. Matur sembah nuwun

Sabtu, 20 Maret 2010

Basa Jawa (ngutip saka Wikipedia)

Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dienggo sawarna-warnané bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basa iku kasebar ing Indonesia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao lan ing Kaledonia Anyar.
Basa Jawa ya dadi salah sijiné panyumbang sing gedhé dhéwé kanggo panuwuhané basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa nduwé pangaruh luwih akèh tinimbang basa-basa daérah liyané kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo tembung Jawa.

Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.
Basa Jawa dipigunakaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18.
Basa Jawa bisa kaanggep salah sijiné basa klasik ing donya, basa iki nduwé sajarah kasusastran sing wis lawas banget. Lawasé luwih saka 12 abad. Para pakar basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang tahap:
Basa Jawa ditulis mawa/migunakaké aksara Jawa, (salah sijiné keturunan aksara Brahmi saka India), aksara Jawa-Arab (pegon) lan aksara Latin.
Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa basa Austronesia sing akèh dhéwé cacahé panutur ibuné. Basa iki dituturaké lan dimangertèni kurang luwih déning 80 yuta jiwa wong. Kurang luwih 45% pedunung negara Indonesia keturunan Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Mèh kabèh presidhèn Indonesia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku yèn ibuné priyayi Jawa). Dadi ora gumunaké yèn basa Jawa mènèhi pangaruh akèh ing perkembangané basa Indonesia.
Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung dhialèk: dhialek Jawa Kulon, dhialek Jawa Tengah, lan dhialek Jawa Wétan. Ing pulo Jawa ana sing diarani dialect continuum ('kasinambungan dhialèk') saka Banten ing ujung kulon tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh dhialèk basa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (basa Inggris mutually intelligible).

Basa Jawa iku akeh banget cara pituturane. Ana dhialèk sosial sing dibagé miturut hièrarkhi saka kasar tekan alus dadi :
ana basa sing mligi digunakake kanggo keperlon resmi karaton
  • bagongan (dianggo neng kraton Ngayogyakarta adiningrat)
  • kedhaton (dianggo neng kraton Surakarta adiningrat)
  • basa walikan (basa Jawa prokem)
Saliyané kuwi, ana dhialèk sing didasarké tlatahé lan ora sekabèhé dhialèk Jawa dimangarteni déning kabeh wong Jawa. Ing ngisor iki kapacak pamérangan miturut sawetara ahli basa Jawa: Poerwadarminta lan Uhlenbeck. Saliyané iku uga ditambah pamérangan Wurm lan Hattori. Wurm lan Hattori nggambar peta pamérangan dhialèk Jawa. Pamérangan para pakar iki rada séjé lan ora sarujuk siji lan sijiné.

Pamérangan Poerwadarminta

Miturut Poerwadarminta ing bukuné Sarining Paramasastra Djawa (1953:2), dhialèk-dhialèk ana:
  1. Dhialèk Banten
  2. Dhialèk Cirebon
  3. Dhialèk Banyumas lan Tegal
  4. Dhialèk Bagelèn
  5. Dhialèk Ngayogyakarta lan Kedhu
  6. Dhialèk Surakarta, Madiyun lan Semarang
  7. Dhialèk Rembang
  8. Dhialèk Pasisir lor wétan (Tuban, Gresik, Surabaya)
  9. Dhialèk Malang-Pasuruhan
  10. Dhialèk Banyuwangi

[sunting] Pamérangan Uhlenbeck

Dhialek-dhialek kuwi miturut ahli basa Walanda E.M. Uhlenbeck ing bukuné A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura (1964), dikelompokaké dadi 3 (telung) rumpun yaiku :
Kelompok ing nduwur iku biasané disebut basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.
Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa baku.
Kelompok ing ndhuwur iku biasané diarani basa Jawa timuran.

Pamérangan Wurm lan Hattori

Pamérangan Wurm lan Hattori (1983)
Wurm lan Hattori (1983:39) mérang dhialèk-dhialèk basa Jawa ing pulo Jawa dadi 7 bagéyan:
  1. Dhialèk Banten
  2. Dhialèk Lor-Kulonan
  3. Dhialèk Manuk
  4. Dhialèk Cerbon
  5. Dhialèk Kulonan-Tengah
  6. Dhialèk Wétanan
  7. Dhialèk "Regional Jawa ing Banyuwangi"

Sumber: kang mas Wikipedia

Jumat, 05 Juni 2009

Lirik Lagu Didi Kempot - Sekonyong Konyong Koder

Lirik Lagu Didi Kempot - Sekonyong Konyong Koder

Cintaku sekonyong koder
Karo kowe cah ayu sing bakul lemper
Lempermu pancen super resik tur anti laler
Yen ra pethuk sedino neng sirah nggliyer

Cintaku sekonyong koder
Paribasan durung demok wani panjer
Modal bensin seliter motorku tak stater
Tak ampiri ayo tak ajak muter-muter

Tiwas aku dandan mlithit
Rambutku lengane pomit
Kowe malah lunga plencing ora pamit
mit..mit...mit

Bir temu lawak sing tak pikir neng awak marahi rusak
Rusak njaba njero sing tak pikir jebule koyo ngono

Kembang jambu gogrok dipangan uler
Cintaku sekonying konyong koder
Uler keket mlakune klogat kloget
Walah jabang bayi juebul aku keno pelet

Lirik Lagu Didi Kempot - Sekonyong Konyong Koder

Kamis, 04 Juni 2009

Yudhisthira

Jeneng Yudhistira, ing crita Jawa, asline dianggo dening raja jin ing alas Mertani. Ing lakon Babad Alas Mertani, Pandhawa kasil ngalahake jin-jin ing alas kuwi. Yudhistira manjing ana ing ragane Puntadewa, pembarepe Pandhawa. Jeneng Yudhistira luwih kondhang dienggo dening Puntadewa kang banjur dadi raja ing Amarta, Indraprasta, iya Cintakapura, utawa Batanakawarsa, sing tilas alas Mertani.

Ing Mahabharata, Yudhistira (utawa tinulis Yudisthira) iku ya Puntadewa dhewe. Dheweke lair saka bun-bunan Dewi Kunti, mula saka iku dijenengi Puntadewa kang tegese punjering kaluhuran. Yudhistira dhewe maknane raja prajurit. Ing Mahabharata, Pandhawa duwe bojo kang padha, yaiku Dewi Drupadhi (poliandri). Nanging ing wayang, Drupadhi iku bojone Puntadewa. Seka jejodhoan iki nuwuhake Pancawala.

Ing padhalangan, Puntadewa iku putra pembarepe Prabu Pandhu Dewanata (ratu Astina) lan Dewi Kunthi. Dasanamane, Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmaraja, Darmawangsa, Wijakangka(Dwijakangka), Gunatalikrama,Samiaji, lan Sang Ajathasatru. Miturut layang Mahabharata,salugune Puntadewa putrane Bathara Dharma, dewane keadilan, srana Bathara Dharma manunggalake rasane karo Dewi Kunthi kang mateg dayane aji Adityahredaya (yen miturut padhalangan "mateg aji Panggendaming dewa" kang aran Puntawekasing Rasa Tunggal Sabda tanpa Lawanan). Rehne bab mau rinasa kurang trep ing bebrayan Jawa, mula dening para pujangga kita banjur diowahi, di jumbuhake laro tuntunan budaya Jawa lan kapribaden Jawa kang isine yane peputra ora karo bojone dhewe kuwi klebu tumindak sing nistha. Mulane ing crita padhalangan, Puntadewa iku putrane Prabu pandu, ratu ing Astina (Ngastina) lan Dewi Kunthi, dene Bathara Dharma kuwi dadi bapa angkate, kang uga banjur manitis ana anggane untadewa. Mula saka iku, Puntadewa uga sinebut Darmakusuma. Garwa prameswarine Prabu Puntadewa iku mung siji, Dewi Drupadi, putrine Prabu Drupada, ratu ing negara Pancala iya Cempala. Karo Dewi Drupadi banjur peputra siji aran Pancawala.


Ing versi Mahabharata India, Yudhistira pinter olah kaprajuritan lan gagah nalika perang. Yudhistira iku artine raja prajurit. Nanging ing crita Jawa, Yudhistira iya Puntadewa iku kondhang kadidene titah ludira seta. Kang mengkono mau kagawa saka watake sing jujur, salawase urip ora gelem dhora (ngapusi. Dhemen tetulung kepara apa sing didarbeki yen dijaluk wong liya diwenehake. Mula Puntadewa uga kondhang sinebut manungsa lega donya lila ing pati.

Minangka tuladha, ing lakon Indrajala Maling (lakon carangan), Prabu Puntadewa ditembung dijaluk patine kanggo numbali wewalak ing negara Buluketiga. Sang Prabu ya manut. Dhirine dipasrahake. Ngenani wewatakane paraga siji iki, oncek-oncekane utawa anggone ndudah kudu permati. Awit akeh bab-babe sing rasane angel ditrapake ing sajroning penguripane wong sawantah.

Ing lakon Baratayuda, Prabu Puntadewa tetep nglenggahi watake sing ora gelem ngapusi. nalika Pandhita Durna madeg senopati agung, kabeh Pandhawa rumangsa bingung. Sebab, dikaya ngapaa wae Pandhita Durna kuwi gurune Pandhawa. Apa hiya murid arep wani marang gurune ?

Untung Prabu Kresna ora kurang iguh pertikele. Terus sing didhawuhi ngadhepi Pandhita Durna iku putra Pancala, Raden Dhresthajumena. Kresna mung dhawuh marang Werkudara supaya merjaya gajah titihane senopati pengampinmg (Prabu Prameya) kang aran Gajah Esthitama. Sawise gajah kelakon mati dikepruk gada Rujakpolo, kabeh wadya Pandhawa banjur kadhawuhan alok yen Esthitama mati. Pamirenge Pandhita Durna sing mati mau Aswatama. Mula Pandhita Durna banjur nglumpruk otot bebayune, kaya wis kelangan daya. Kanthi ati sing bingung, urna banjur takon mrana-mrene, kalebu marang para panakawan, marang Werkudara, arjuna, Nakula, sadewa, lan sapitutrute. Kabeh anggone mangsuli padha gelem dhora yen Aswatama pancen mati. Durna akhire takon marang Puntadewa. bareng ditakoni kaya mengkonmo mau mesthi wae Sang Prabu bingung banget, mosok arep goroh ?

Dibisiki karo Prabu Kresna yen kala-kala wong kena goroh sethitik-sethitik ora apa-apa, nanging Puntadewa tetep puguh ora gelem goroh. Kresna golek cara liya, supaya anggone matur marang Durna nalika ngucapake tembung ësthi"sing lirih banget wae, dene anggone ngucapake tembung "tama"sing cukup sero.

Tenan, diucapake dening Prabu Puntadewa ngono kuwi. Saka pangrungune Pandhita Durna, Aswatama mati, mula Durna banjur nglumpruk ing sangarepe Puntadewa, ning Sang Prabu banjur digandheng Kresna sumingkir saka papan kono. Karimijen tanpa daya, Durna ketekan Dhresthajumena kang wis kepanjingan yitmane Prabu Ekalaya iya Palgunadi kang pingin males ukum. Kanthi pedang ligan, Pandhita Durna ditigas janggane, satemah pralaya.

Prabu Puntadewa sing sabar tur banget lila-legawa pambegane iku tau diapusi Kurawa lumantar Patih Sengkuni srana kasukan main dadu kanthi totohane negara. Satemah para Pandhawa sakadang kudu gelem nglakoni dadi wong buangan ing alas suwene 12 taun. Ing pakeliran pusakane kang asring dadi kembang lambe dhalang yaiku Jimat Kalimasada Pustaka Jamus. Ana uga Payung Kyai Tunggulnaga lan tombak tumbak Kyai Karawelang, lan sangsangan robyong (tilarane Prabu Yudhistira, ratu Mertani) kang dayane, menawa Puntadewa nesu lan astane nganthi nyeggol kalung iki, sanalika sarirane salin wujud dadi brahala utawa buta kang gedhene sagunung anakan kanthu kulit putih kang apraceka Dewa Amral iya Dewa Mambang.

Ing pungkasaning crita, Puntadewa munggah swarga bareng karo sedulur-sedulure. Puntadewa bareng karo asune moksa sing pungkasan. Tinimbang Pandhawa liyane, raja iki luwih resik atine. Ora kumalungkung, ora sok kuwasa, jujur, lan ngugemi agama kanthi ngati-ati.

Ing sorga, Puntadewa ora trima amarga sedulur-sedulure padha mlebu neraka. Dheweke njaluk supaya melu mlebu neraka. Kamangka, para Kurawa malah enak-enak ana surga. Jebul kuwi mung sawetara. Pandhawa kudu nglebur dosa dhisik sawetara banjur mlebu surga. Dene Kurawa bisa ngrasaake endahing surga amarga ana sawetara kabecikan, nanging ora akeh. Sawise Kurawa ngrasakake sorga banjur dilebokake ana ing neraka.

sumbere tulisan ning nduwur iku yaiku soko wikipedia boso jowo

Jowoan dot blogspot dot com

Jowoan dot blogspot dot com, blog boso jowo sing diprakarsai karo Drajad. Wong sing saiki lagi kuliah ning malang. Blog jowoan iki pengene sih dadi blog sing terkenal amargo boso jowone. Kbeh wong iso nulis ning blog iki, khususe wong jowo, ra peduli wong iku kerjo opo trus manggon ning endi wae sing penting wong jowo. Blog iki yo sebagai alat ben budaya jowo iku gak musnah. Mosok wong jowo ra iso boso jowo, mosok wong jowo ora ngerti budaya jowo? Jowo iku asline njowo, yen didadekne bahasa Indonesia artine ngerti, dadi wong jowo iku wong ngerti. Wis ngono wae tulisan pertama ku. Yen nduwe waktu, blog iki arep tak update terus menerus.
Sing pasti tetep jowo rek. Oyi ;)